Sep 21, 2011

Penguat sinyal GSM/Wifi/CDMA

Aku mikir arep tuku antena yagi (antena tivi biasa) sing regane kira2 200k. ning bareng tak elang-eling tutorial ning internet tmsk video ben gampang, ketoke mending eksperimen dhewe. teori nggo itung2an ana, ning sing paling asoy yo eksperimen ra sah kakehan itungan.

iki ana link nggo muk biskuit http://www.dxzone.com/cgi-bin/dir/jump2.cgi?ID=12595. metodene dudu yagi, ning wave driven utawa ember-bolic. isa uga, ember (kaleng, dudu plastik) diganti wajan utawa tutup panci. Om arifin wis njajal, ta. sing penting, modeme dilebokke muk, digeser maju mundur nganti sinyale apik. mengko yen wis manteb-teb, dilem utawa tialirke nganggo kabel ning modem.

Yen aku, arep njajal nggo aluminium foil dibentuk 1/2 kaleng, dicedakke laptop. Kari ngecek sinyal ning laptop ana pira.

Yen arep luwih detil, apt-get search antenna. Ana akeh aplikasi sing kena nggo ngetung rumus antena karo ngetes sinyal. Ning yen aku, balik maneh, sing penting eksperimen. Ra kakehan mumet!

Sugeng experimen.

No comments:

Post a Comment